Pranatacara inggih
punika salah satunggaling profesi ingkang kathah dipunpanggihi wonten ing
masyarakat ingkang kedah nggadhahi kaprigelan khusus. Tiyang ingkang dados
pranatacara kedah paham kaliyan adicaranipun amarga pranataca kayadene supir
wonten ing satunggaling bis. Lampahanipun adicara punika tanggungjawabipun
pranatacara.
A. Pangerten Pranatacara
Pranatacara inggih
punika satunggaling paraga (wong) ingkang nggadhahi jejibahan nglantaraken
titilaksana (lakunipun) sawijining adicara saking purwa dumugi wasana.
Pranatacara uga asring dipunsebat pambywara, pranata adicara, pranata
titilaksana, kaliyan pranata laksitaning adicara. Pranatacara punika gandheng
cenenge kaliyan adicara utawa upacara adat Jawa, kayata upacara temanten,
kesripahan, pepanggihan (pertemuan), pengaosan, lan
sapanunggalanipun.
B. Perangan Teks Pranatacara
Minangka kangge pathokan
menawi para pamaos bandhe ndamel cengkorongan teks pranatacara, punika
peranganipun:
1. Pambuka
a) Salam Pambuka, salam
pambuka inggih punika salam saking pranatacara kagem para rawuh sedaya. Salam
pambuka saged kanthi "Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh"
(tumprap tiyang Islam) utawi "Sugeng enjing para rawuh"
b) Atur Pamuji, atur pamuji
minangka wujudipun rasa syukur marang Gusti ingkang Maha Agung. Saged awujud
"Kita aturaken puji lan syukur konjuk marang Gusti ingkang Kuwasa sarta
sholawat salam marang Nabi Muhammad SAW"
c) Atur Pakurmatan, punika
wujud sapa aruh marang sedaya para rawuh. Anggenipun atur pakurmatan
dipunwiwiti saking tiyang ingkang paling sepuh dumugi tiyang enem, lan saking
ingkang pangkatipun inggil dumugi pangkata andhap.
2. Reroncening Adicara
Reroncening adicara
inggih punika lelampahanipun adicara saking purwa dumugi wasana. Punika ingkang
dados ancasing gati utawi tujuan saking adicara punika.
Pranatacara kedah mangertosi kanthi tumemen kaliyan adicara ingkang
dipunlantarake, amarga kedah klop utawa pas kaliyan swasana sarta cundhuk
kaliyan adat ingkang sampun ngrembaka ing masyarakat.
3. Panutup
a) Atur Panuwun, punika awujud
rasa maturnuwun kangge para rawuh amarga sampun saged rawuh wonten ing adicara
kasebut. Atur panuwun saged awujud "Maturnuwun dhumateng panjenengan
sedaya ingkang sampun rawuh wonten ing adicara punika"
b) Atur Pangapunten,
nalikanipun nglantaraken adicara mesthi wonten luput utawa klenta-klentunipun
saking pranataca punika saged atur pangapunten dhumateng para rawuh. Atur
panuwun saged awujud "Kula mingka pranatacara menawi kathah lepatipun
keparenga panjenengan sedaya paring pangapunten."
c) Salam Panutup, Salam
panutup saged awujud "Wassalamualaikum Warahmatulahhi Wabarakatu"
(tumpap Islam) utawi Sugeng Sonten lan sapanunggalanipun.
C. Teknik Maos Pranatacara
Maos
pranatacara mbutuhaken kaprigelan, ananging kaprigelan punika saged
dipunsinaoni kanthi gampang. Kaprigelan kasebut inggih punika:
1. Migunakaken
pangucapan kanthi trep
Nalikanipun
maos, pranatacara kedah migunakaken pangucapan kang trep, salah satunggaling
inggih punika saged mbentenaken "d" kaliyan "dh" lan
"t" lan "th".
2. Pamedhotan
ukara kanthi trep
Pamedhotan
punika uga dipunmangertosi jeda.
3. Migunakaken
intonasi utawa tekanan kang trep
Intonasi
inggih punika lagu ukara utawi inggih andhape lagu ukara ingkang saged menehi
tekanan ing ukara wau punika. Intonasi punika saged mbangun swasana ingkang
benten-benten pramila pranatacara kedah mbentenanken adicara satunggal lan
setunggaipun.
4. Saged
mangerteni tandha waos kanthi sae
Tandha
waos kedah dipunmangerteni dening pranatacara amarga benten nalikanipun maos
tndha titik kaliyan tandha koma.
5. Swanten
ingkang cetha
6. Saged
ngatur alon kaliyan cepetipun maos
7. Ngolah
treping mlebet lan medalipun nafas
8. Mangertosi
wacan kathi sae
Pranatacara
kedah mangertosi wacan sakderengipun adicara, amarga ing sajlebeting adicara
pranatacara mingka kunci lelampahanipun adicara. Supados saged mbangun swasana,
pranatacara kedah nggadhahi penghayatan ingkang sae.
9. Percaya
marang dhiri pribadhi
Kaprigelan
saged dipunsinaoni, pramila pranatacara kedah percaya dhiri. Kangge ngilangi
rasa isin para pamaos saged gegladhen rumiyen wonten ing sakngajengipun kaca.
Teknik
maos pranatacara punika ugi kathah dipunkenal kaliyan 4 W, inggih punika:
1.
Wiraga, wiraga punika ngengini trapsila/solah bawa saking
pranatacara.
2.
Wirasa, wirasa punika ngengini penghayatan marang adicara saking
pranataca.
3.
Wirama, wirama punika gegayutanipun kaliyan intonasi, nada, jeda
satemah saged dipunmirengaken kanthi sae.
4.
Wicara, wicara punika inggih ngengini babagan cetha mbotenen
swanten ingkang medal saking piranti ucap pranatacara.
D. Tuladha Teks Pranatacara
Assalamualaikum WR WB
Sumangga kita sedaya
ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang sampun paring
kanugrahan saha kesarasan satemah kita sedaya saged kempal wonten ing tata
adicara pengetan Dinten Tanggap Warsa Dhukuh punika.
Bapak Tedja Suprapto minangka
kepala Dhukuh Berjan ingkang minulya. Bapak Wagiya ingka ketua RW 07 Dhukuh Berjan
ingkang kinurmatan. Bapak Beja minangka ketua RT 04 ingkang kinurmatan uga.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang pantes sinudarsana.
Wonten ing titiwanci
punika, kula minangka pranatacara badhe ngandharaken susunan adicara. Inggih
punika:
1.
Pambuka
2.
Atur pangandikan saking ketua panitia
3.
Atur pangandikan saking ketua RT 04
4.
Atur pangandikan saking ketua RW 07
5.
Atur pangandikan saking kepala Dhukuh
Berjan
6.
Pagelaran seni tari lan wayang
7.
Dumduman hadiah
8.
Panutup
Ingkang setunggal,
sumangga adicara punika kita purwakani kanthi waosan basmalah. Kula dherekaken
....
Lajeng, adicara ingkang
kaping kalih inggih punika atur pangandikan saking Dwi Wahyu Setiaji minangka
ketua panitia. Dhumateng Mas Dwi kula sumanggakaken. ..... maturnuwun kula
aturaken dhumateng Mas Dwi.
Adicara ingkang kaping
tiga inggih punika atur pangandikan saking Bapak Beja minangka ketua RT 04.
Dhumateng Bapak Beja kula sumanggakaken. ..... maturnuwun kula aturaken dhumateng
Bapak Beja.
Kita lajengaken,
adicara ingkang kaping sekawan inggih punika atur pangandikan saking Bapak
Wagiya minangka ketua RW 07. Dhumateng Bapak Wagiya kula sumanggakaken. .....
maturnuwun kula aturaken dhumateng Pak Wagiya minangka ketua RW 07.
Lajeng, adicara ingkang
kaping gangsal inggih punika atur pangandikan saking Bapak Tedja Suprapto
minangka kepala Dhukuh Berjan. Dhumateng Bapak Tedja kula sumanggakaken. .....
maturnuwun kula aturaken dhumateng Bapak Tedja.
Adicara saklajengipun
inggih punika “Pagelaran Seni Tari lan Wayang” saking para mudha-mudhi dhukuh
Berjan. Dhumateg para pemudha Dhukuh Berjan kula sumanggakaken. ..... Punika
“Pagelaran Seni Tari lan Wayang”.
Adicara ingkang kaping
7 inggih punika dumduman hadiah kangge
para rawuh.
Adicara ingkang pungkasan
inggih punika panutup. Maturnuwun dhumateng
panjenengan sedaya ingkang sampun rawuh wonten ing adicara Pengetan Dinten
Tanggap Warsa Dhukuh Berjan punika. Kula minangka pranatacara menawi kathah
kalepatanipun, keparenga panjenengan sedaya paring agenging samudra pangaksama.
Mangga kita tutup adicara punika kanthi waosan Hamdalah sesarengan, kula
sumanggakaken.
Wassalamualaikum WR WB.
E. Tuladha Pranatacara Adicara Temanten
Tuladha Pranatacara Temanten (klik)
Referensi